Laman

Senin, 08 Agustus 2016

Aja Ndeleng Penake Wae



Wagiman iku lulusan SMK jurusan tataboga. Wagiman iku, bocah kang kalebu arek sing nduweni tekad kuat kanggo wujudake gegayuhane. Biasane Wagiman sinau nganti jam 9 bengi, nanging amerga pengen asil tes IQ sesok luwih apik tinimbang sadurunge. Dadi sadurunge tes, Wagiman sinau nganti jam 12 bengi. Buku-buku ngenani tes IQ wis disinauni karo Wagiman. Amerga kurang turu, Wagiman ngantuk nalika tes IQ. Tekad kuat sing Wagiman nduweni iso ngempet mripate supaya ora merem, nanging awake Wagiman wis ora kena dipeksa. Pikiran karo awake sing wis kesel kuwi njalari konsentrasine keganggu. Sawise tes IQ mari, Wagiman turu nggone masjide sekolah amerga wis gak kuat nahan rasa ngantuke.
Saiki wis jam setengah telu sore, Wagiman tangi. "Lha wis jam setengah telu, waduh berati aku wis turu 3 jam. Pengenku mau turu 1 jam wae terus mulih", Wagiman ngomong dewe. Kanca-kancane wis akeh sing  mulih wiwit mau, Wagiman langsung  mulih numpak sepedahe. Jarake sekolah menyang omahe sekitar 8 kilometer, biasane Wagiman budhal sekolah jam enem kurang seprapat. Deweke budhal bareng karo kancane sing jenenge Suparno lan mbutuhake wektu setengah jam.
Sawise seminggu, asil tes IQ diumumake ing papan pengumuman sekolah. Asil tes IQ nggone Suparno panggah, yaiku 119 nanging asile Wagiman tes IQ iki luwih ala tinimbang sadurunge. Asil tes sadurunge 109, nanging asile sing saiki 106. Weruh Wagiman sedhih, Suparno langsung marani Wagiman.
"Man, awakmu kok gak semangat lapo?"
"Asil tesku luwih ala tinimbang asil tes sadurunge."mangsulane Wagiman karo nundukake sirahe.
"Wis ta lah, gak usah dipikir jeru-jeru. Asil tes iki mung perkiraan, dadi iso uga salah."Suparno nyemangati Wagiman
"Tapi aku wis sinau nganti bengi-bengi iki mosok gak enek asile?"
"Lha, bocah iki apa nglindur apa piye?? Lha iki lha asile, ya iki asilmu. Wis saiki ngene wae, awakmu pengen terus maju lan mbuktihake yen awakmu iku luwih apik tinimbang perkiraan gak jelas iki apa mandeg amerga percaya lek asil tes IQ iki nentokake masa depanmu."pituture Suparno marang Wagiman
"Aku pengen terus maju lan mbuktihake yen aku luwih apik tinimbang perkiraan gak jelas iki, amerga aku ya nduwe cita-cita sing kudu dakwujudake."
"Nah, ya iki Wagiman sing dakkenal."
"Matur suwun, No. Awakmu pancen kancaku sing paling ngerti yen aku enek masalah.
"Ya padha-padha, karo kanca iku ya kudu tulung tinulung."
"Pak Suparno pancen oye !" Wagiman mlayu menyang kelas karo ngguyu.
WAGIII.....MANNN...." Suparno mbengok
Sawise kedaden iku, Wagiman tansah eling karo nasihate Suparno. Wiwit iku uga, Wagiman tansah sinau bareng karo Suparno, amerga Suparno iku kanca sadesa wiwit cilik lan ing SMK iki uga sajurusan. Suwe-suwe, Wagiman ngerti yen sinau iku kudu rutin lan gak entuk sinau ndadak sawengi amerga sesoke isa ngantuk lan asile ora maksimal. Munggah kelas loro, Suparno pindah sekolah menyang SMA amerga wong tuwane pengen anake nerusake sinaune nganti S2 utawa S3. Suparno iku pancen pinter lan sregep sinau. Nanging Wagiman lan Suparno panggah isa sinau bareng, ananging ya panggon lan wektu sinaune sing bareng.
Lulus SMA, Suparno nerusake kuliah menyang Jakarta. Dene Wagiman kerja ing hotel bintang 4. Sadurunge kerja ing hotel bintang 4, Wagiman kerja ing warung Padang sekitar telung taun. Ora ana kemajuan, Wagiman pamit marang bapak ibuke yen deweke pengen kerja ing Bandung. Wong tuwane menehi ijin lan sangu kanggo biaya urip seminggu. Ing Bandung, Wagiman nglamar kerja ing ngendi-ngendi, nanging isih ditolak kabeh. Ing dina kepitu, Wagiman leren ing taman kutha, mikirake yen deweke dina iki kudu mulih menyang desane amerga wong tuwane ngendika yen nganti dina kepitu durung oleh penggawean, deweke kudu mulih menyang desa. Ndelalah Wagiman ketemu kancane SMP. Wagiman crita marang kancane kuwi ngenani tujuane, yaiku golek penggawean. Kancane kuwi langsung crita yen deweke duwe hotel bintang 4 lan butuh tukang masak. Sawise ndelok latar belakange Wagiman, kancane mau nerima Wagiman dadi tukang masak.
Wagiman kerja ing hotele kancane SMP kuwi sekitar 9 taun. 5 taun iku asil kerjane ditabung kanggo ngrintis warung masakan Padang. Nalika isih kerja dadi tukang masak, Wagiman wis mulai ngrintis usaha warung masakan Padang. Usaha warunge mundhak maju lan akhire isa mbuka cabang ing daerah Jakarta, Jogja, Surabaya, lan uga nganti njaba Jawa. Akhire genep 9 taun kerja ing Bandung, Wagiman mulih menyang desane sing ana ing kutha Padang. Ing desane uga ana cabang warunge. Tujuane Wagiman mulih, gak liya, yaiku amerga kepengen rabi. Suparno wis rabi luwih dhisik, yaiku nalika umur 29. Saiki Suparno wis dadi dosen ing Jakarta lan deweke weruh yen Wagiman saiki wis sukses.
Saiki Wagiman wis urip kepenak amerga kerjane cuma mantau usahane karo munyer-munyer Indonesia kanggo mbuka cabang anyar lan ngembangake hotel bintang 4 nggone  bojone sing mbiyen nrima dheweke kerja dadi tukang masak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar